#lirik yowes modaro, #lirik yowis ben, #yowis lirik happy asmara, #yowis lirik chord, #yowis lirik, #Yowis! lirik

YOWIS!
By
Hendra Kumbara

***************

yowis ben dadi kenangan
yowis mung ning angan angan
tresno sing tak gadang
mung mandeg ning tengah dalan
aku kowe wes ora sejalan

yowis ben dadi cerito
yowis mung sakedep moto
janjimu ra ori
jebule mung kawe siji
jare tulus jebule mung apus-apus

aku nangis ra uwis uwis
teles kebes wes nganti kalis
aku kangen ning mung tak pendem
nangis mergo janjimu sing lamis

opo meneh sing mbok goleki
rumangsaku kabeh wes tak turuti
tibo tangiku mung kanggo kowe
senajan sak onone sing penting perjuangane

opo mergo wong ora nduwe
kowe nganti tego ninggalake
senajan atiku wes ajur mumur
tetep kudu bersukur, kabeh wes ono sing ngatur

aku nangis ra uwis uwis
teles kebes wes nganti kalis
aku kangen ning mung tak pendem
nangis mergo janjimu sing lamis

opo meneh sing mbok goleki
rumangsaku kabeh wes tak turuti
tibo tangiku mung kanggo kowe
senajan sak onone sing penting perjuangane

opo mergo wong ora nduwe
kowe nganti tego ninggalake
senajan atiku wes ajur mumur
tetep kudu bersukur, kabeh wes ono sing ngatur

WAYAHE

***************

huuu yayayayaya cucurucu
huuu yayayayaya cucurucu

wayahe wayahe nembung wong tuwane
mergo pacaran gandengan tangan
kuwi wes ra jaman

wayahe wayahe siji tak mantebke
hubungan intim sing bukan mukhrim
wes terlalu mainstream

sing penting aku berjuang
kanggo kowe sing tak sayang
tresnoku tenan ora gampangan
dolan tak lereni
kerjo mempeng tak lakoni nggo sangu rabi

nyuwun pangestu bapak kalih ibu
putrine sing ayu dewe kulo rumatane
nyuwun pandungo kalih Sing Kuoso (bismillah)
mbesok nggonmu sholat wengi aku sing ngimami

huuu yayayayaya cucurucu
huuu yayayayaya cucurucu

wayahe wayahe nembung wong tuwane
mergo pacaran gandengan tangan
kuwi wes ra jaman

wayahe wayahe siji tak mantebke
hubungan intim sing bukan mukhrim
wes terlalu mainstream

sing penting aku berjuang
kanggo kowe sing tak sayang
tresnoku tenan ora gampangan
dolan tak lereni
kerjo mempeng tak lakoni nggo sangu rabi

nyuwun pangestu bapak kalih ibu
putrine sing ayu dewe kulo rumatane
nyuwun pandungo kalih Sing Kuoso (bismillah)
mbesok nggonmu sholat wengi aku sing ngimami

huuu yayayayaya cucurucu
huuu yayayayaya cucurucu

wayahe wayahe nembung wong tuwane
mergo pacaran gandengan tangan
kuwi wes ra jaman

sing penting aku berjuang
kanggo kowe sing tak sayang
tresnoku tenan ora gampangan
dolan tak lereni
kerjo mempeng tak lakoni nggo sangu rabi

nyuwun pangestu bapak kalih ibu
putrine sing ayu dewe kulo rumatane
nyuwun pandungo kalih Sing Kuoso (bismillah)
mbesok nggonmu sholat wengi aku sing ngimami (amin)
aku sing ngimami (amin ya Allah), aku sing ngimami

EMBUH

***************

saben ketemu koe, ra iso tak critakke
rasane embuh
arep ngomong rak metu, ilat dadakan kaku
tak pikir jeru nganti ra iso turu

saben cedak awakmu, mung iso ngguya ngguyu
rasane embuh
arep nembung rak wani, mung tak pendam neng ati
yen wayah wengi tansah kegowo mimpi

wes pirang pirang tahun mung tak pendem roso iki
wes nganti ora ketung nggonku arep ngucapake
nanging nganti seprene durong dadi gawe
arep ngomong aku tresno koe

saben cedak awakmu, mung iso ngguya ngguyu
rasane embuh
arep nembung rak wani, mung tak pendam neng ati
yen wayah wengi tansah kegowo mimpi

wes pirang pirang tahun mung tak pendem roso iki
wes nganti ora ketung nggonku arep ngucapake
nanging nganti seprene durong dadi gawe
arep ngomong aku tresno koe, arep ngomong aku tresno koe
arep ngomong aku tresno koe

PERCOYO AKU

***************

semerbak wangine kembang
ora gampang ilang
koyo parfum sewunan

tresnaku ora gampang layu
koyo kembang tebu
sing kabur kanginan

hawane yen karo kowe
sitik sitik kudu nyekel hape
pengen kabeh kabeh tak updetke
ben dunyo nggatekke kowe wes ono sing nduwe

percoyo aku, raono sing liyo ning atiku
tresnoku iki mung kanggo kowe sing ayu dewe
cekel tanganku, rabakal tak tinggalke ning mburi
yen aku dobolan, jegurke ning blumbang

tresnaku ora gampang layu
koyo kembang tebu
sing kabur kanginan

hawane yen karo kowe
sitik sitik kudu nyekel hape
pengen kabeh kabeh tak updetke
ben dunyo nggatekke kowe wes ono sing nduwe

percoyo aku, raono sing liyo ning atiku
tresnoku iki mung kanggo kowe sing ayu dewe
cekel tanganku, rabakal tak tinggalke ning mburi
yen aku dobolan, jegurke ning blumbang

percoyo aku, raono sing liyo ning atiku
tresnoku iki mung kanggo kowe sing ayu dewe
cekel tanganku, rabakal tak tinggalke ning mburi
aku ra dobolan (aku ra dobolan)
yen aku dobolan, jegurke ning blumbang

DINO LIYANE

***************

nyuwun sewu bapak kalih ibu
dinten niki mboten sios mantu
pancen kahanane angel
wes ora biso di eyel
timbang coronane nyebar
ndonyane sansoyo ambyar

nyuwun sewu konco lan sedulur
resepsiku kepekso tak undur
senajan wes dp dekor
ketering lan kabeh vendor
akhire kudu tak cancel
ketimbang aku dicekel

Gusti kulo salah nopo
rabine kok dibatalno
wes kadung nyebar undangan
malah corona menyerang

Gusti kulo sampun ikhlas
keterak covid-19
yen pancen ngene dalane
tak golek dino liyane

mugio angsal hidayah, rabiku rakudu mewah
seng penting sakinah mawadah warohmah

nyuwun sewu konco lan sedulur, resepsiku kepekso tak undur
senajan wes dp dekor, ketering lan kabeh vendor
akhire kudu tak cancel, ketimbang aku dicekel

Gusti kulo salah nopo, rabine kok dibatalno
wes kadung nyebar undangan, malah corona menyerang
Gusti kulo sampun ikhlas, keterak covid-19
yen pancen ngene dalane, tak golek dino liyane

Gusti kulo salah nopo, rabine kok dibatalno
wes kadung nyebar undangan, malah corona menyerang
Gusti kulo sampun ikhlas, keterak covid-19
yen pancen ngene dalane, tak golek dino liyane

mugio angsal hidayah, rabiku rakudu mewah
seng penting sakinah mawadah warohmah
seng penting sakinah mawadah warohmah

RA ONO LIYO

***************

mongso rendeng wes ganti ketigo
nganti mlebu weneh wulan poso
nanging rosomu ning aku iseh podo

saben wengi ra lali dongaku
mugo Gusti ngluluhke atimu
nanging rosomu ning aku tetep podo

dalan nggronjal sing tak lewati
kroso alus koyo dalan tol sing gek dadi
mergo balesan chatmu dek wingi
“mas, sing ngati-ati, yen tekan ngomah ngabari”

oro ono liyane
sing iso ngganteni awakmu ning atiku
ora ono sing liyo
sing iso nggawe aku tresno
nganti mati bakal tak gondheli

saben wengi ra lali dongaku
mugo Gusti ngluluhke atimu
nanging rosomu ning aku tetep podo, ya Allah, Gusti

dalan nggronjal sing tak lewati
kroso alus koyo dalan tol sing gek dadi
mergo balesan chatmu dek wingi
“mas, sing ngati-ati, yen tekan ngomah ngabari”

oro ono liyane
sing iso ngganteni awakmu ning atiku
ora ono sing liyo
sing iso nggawe aku tresno
nganti mati bakal tak gondheli

ooh huuu ning atiku
ora ono sing liyo
sing iso nggawe aku tresno
nganti mati bakal tak gondheli
nganti mati bakal tak gondheli